Pidato Bahasa Jawa Anak SD Perpisahan Kelas 6

Pidato 
 Kawan kali ini saya mencoba untuk posting dengan bahasa jawa yang ada hubungannya dengan   Pidato Bahasa Jawa Anak SD Perpisahan Kelas 6
Kawan kali ini saya mencoba untuk posting dengan bahasa jawa yang ada hubungannya dengan perpisahan anak SD kelas 6. Bahasa Jawa memang adiluhung, bahasa yang mempunyai tatanan
unggah ungguh yang sangat rumit. Postingan ini mengajak agar generasi muda tetap eksi dan tidak luntur di kalangan generasi muda kita di era globalisasi ini, yang ditengarai mulai lunturnya  kejawaanya. Semoga bermanfaat
Pidato Bahasa Jawa Anak SD  saat Perpisahan Kelas 6

Assalamu'alaikum wr. wb

Ingkang kinurmatan Ibu Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru SDN Mojolebak ingkang tansah kawul0 wigatosake sedoyo pitedah, lan ugi poro konco kulo kelas 6 ingkang kula tresnani. Monggo kito sedaya sareng-sareng ngaturaken kunjuk  syukur dhumateng ngarsane Gusti Allah kang Maha Agung, ingkang sampun maringi sedoyo nikmat lan kasarasan dumateng kito sedoyo ingkang rawuh dumugi sakmeniko, kito sedaya saged ngempal wonten ing adicara perpisahan kelas 6 sak puniko.

Kulo puniko, minongko sesulih saking pro konco kelas 6 ngaturaken agunge panuwun ingkang tanpo upami dumateng Ibu Kepala Sekolah ugi Bapak / Ibu Guru SDN Mojolebak ingkang sampun nggulowentah kulo lan poro konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun sawatawis enem warsa.
Boten keraos menawi kolo lan konco sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kaweruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo piyambak soho poro konco nyuwun agunging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing enem warso ngangsu kaweruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak konco gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso paring palilah pangapunten dumateng sedoyo kelepatan kulo lan rencang - rencang.

Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten pawiyatan mriki sampun kados sederek lan kaluargo. Namung kados pundi malih, amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjengaken ngangsu kaweruh malih wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget legowo manah utawi ikhlas nilaraken pawiyatan menika.

Kadosipun sampun cekap anggen kulo matur. Bilih  wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.

Wasslamu'alaikum wr. wb


Oleh : Taryono Pelabuhan Canggu
LihatTutupKomentar